1 Corinthians 8:1 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tumrap daging sesajening brahala iku, kita padha sumurup: “kita kabeh padha duwe kawruh.” Kawruh kang mangkono iku marakake kumenthus, nanging katresnan iku mbangun.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, saiki aku kepéngin ngomongké bab sesajèné brahala. Pantyèn bener sing diomong karo wong-wong, jaréné pada ngerti nèk brahala kuwi sakjané ora ènèng wujuté. Nanging pangerti sing kaya ngono kuwi namung marakké sombong. Sing bisa mbangun kuwi namung katrésnan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kanggo daging sesajèné brahala kuwi, kita pada weruh: “Kita kabèh pada nduwé kaweruh.” Kaweruh sing mengkono kuwi njalari kementus, nanging katrésnan kuwi mbangun.