1 Corinthians 9:13 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha leladi ing padaleman suci iku pangane iya saka ing padaleman suci, lan wong kang padha leladi ing misbyah, iku iya padha oleh panduman saka ing misbyah kono?
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kowé mesti ngerti nèk wong sing nyambutgawé nang Gréja Gedé kuwi nampa pangané sangka Gréja Gedé. Semono uga, wong sing masrahké kurban nang altar ya nampa bagèané sangka altar.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Apa kowé pada ora weruh, yèn wong sing pada ngladèni ing panggonan sing sutyi kuwi pangané ya sangka panggonan sutyi, lan wong sing pada ngladèni ing mesbèh, kuwi ya pada olèh panduman sangka mesbèh kono?