1 Corinthians 9:15 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging aku, ora tau migunakake wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nulis kabeh iki, ora supaya aku ditanggapana mangkono uga. Sabab aku milaur mati katimbang karo......! Temenan, gumunggungku iki ora bisa dibatalake dening sapa bae!
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging aku ora tau nganggokké kelunggaran iki blas lan aku nulis layang iki ya ora jalaran aku kepéngin nampa apa-apa. Ora, aku luwung mati waé tenimbang aku kélangan prekara siji sing kenèng tak enggo pamèran iki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging aku, ora tau nggunakké wewenang kuwi mau siji-sijia. Enggonku nulis kabèh iki, ora supaya aku uga nampani upahé sing kaya mengkono. Awit aku aluwung mati tenimbang nandangi mengkono. Tenan, mongkoké atiku iki ora kena dibatalké karo sapa waé!