1 John 2:18 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
He, bocah-bocah, iki wektu kang wekasan. Lan kaya anggonmu wus padha krungu warta yen si Anti-Kristus bakal teka, mangkono uga ing samengko iya wus akeh Anti-Kristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yen iki nyata-nyata wektu kang wekasan.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur sing tak aku anak-anakku, entèk-entèkané jaman iki wis tyedek. Lan kaya sing wis diwulangké marang kowé, Anti-Kristus bakal teka. Saiki waé wong-wong sing kaya Anti-Kristus, sing pada nglawan Kristus, ya wis pada njedul. Iki tandané nèk entèk-entèkané jaman wis tyedek tenan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Anak-anakku, saiki jaman sing pungkasan. Lan kaya sing wis pada kok rungokké yèn antikristus bakal teka, saiki ya wis okèh antikristus sing pada njedul. Sing mengkono kuwi dadi tanda yèn saiki iki jaman sing pungkasan tenan.