1 John 2:19 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para Anti-Kristus kuwi mauné bebarengan karo awaké déwé, nanging terus pada lunga. Senajan mauné bebarengan karo awaké déwé, nanging wujuté ora tunggalé karo awaké déwé. Semunggoné tunggalé karo awaké déwé ngono, mesti ya ijik bebarengan karo awaké déwé. Nanging wong-wong kuwi pada ninggal awaké déwé, supaya ketara nèk siji waé ora tunggalé awaké déwé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Pantyèn asalé antikristus kuwi sangka antarané kita, nanging sak temené pada duduk ing antarané kita; awit yèn temen-temen dadi tunggalé kita, mesti tetep pada nunggal karo kita. Nanging kuwi kelakon mengkono, supaya ketara yèn wong-wong kuwi kabèh duduk tunggalé kita.