1 John 2:27 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang -- lan piwulange iku nyata, ora goroh -- lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging kowé wis ngerti nèk Kristus wis ngedunké Roh Sutyi marang kowé lan ya Roh Sutyi iki sing manggon ing atimu. Dadiné kowé ora mbutuhké wong-wong kuwi, awit Roh Sutyi déwé sing mulangi kowé bab apa waé. Piwulangé Roh Sutyi nyata, ora goroh, mulané, pada mantepa terus enggonmu dadi siji karo Kristus, kaya sing wis diwulangké marang kowé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit jebatan sing wis pada kok tampani sangka Panjenengané kuwi tetep ing kowé. Awit sangka kuwi kowé pada ora perlu diwulangi karo wong liyané. Nanging kayadéné jebatan sangka Panjenengané kuwi mulangi marang kowé bab samubarang lan piwulangé kuwi nyata, ora goroh lan kayadéné enggoné Panjenengané mbiyèn wis mulangi marang kowé, mengkono uga kowé pada tetepa ing Panjenengané.