1 John 3:1 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang ktia, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, dipikir déwé! Pantyèn gedé tenan katrésnané Gusti Allah Bapaké awaké déwé marang awaké déwé, lah awaké déwé kok diarani anaké Gusti Allah. Awaké déwé ya pantyèn anaké Gusti Allah tenan. Nanging wong jagat ora pretyaya marang Gusti Allah Bapaké awaké déwé, mulané ya ora dunung nèk awaké déwé iki anaké Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ngertènana, sepira gedéné katrésnané sing dikèkké karo Bapak marang kita, nganti kita pada disebut para anaké Gusti Allah, lan kita pantyèn para anaké Gusti Allah. Mulané jagat ora kenal marang kita, awit jagat kuwi ora kenal marang Panjenengané.