1 John 3:24 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong sing nglakoni angger-anggeré Gusti Allah, wong kuwi pantyèn nyata dadi siji karo Gusti Allah. Lah kepriyé awaké déwé bisané ngerti nèk Gusti Allah dadi siji karo awaké déwé? Awit Gusti Allah wis ngekèki Roh Sutyi marang awaké déwé lan Roh Sutyi saiki manggon ing uripé awaké déwé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sapa sing netepi sak kabèhé pepakon-Né, kuwi manggon ing Gusti Allah lan Gusti Allah ing wong kuwi. Nanging enggon kita pada ngerti yèn Gusti Allah manggon ing kita kuwi karo Roh sing wis dikèkké marang kita.