1 John 3:6 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga saka iku sok wonga kang tetep ana ing Panjenengane, iku ora gawe dosa maneh, sok wonga kang tetep gawe dosa, iku ora weruh lan ora wanuh marang Panjenengane.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané ya tyeta banget kanggo awaké déwé nèk wong sing wis dadi siji karo Kristus ora kenèng urip ing dosa. Dadiné, wong sing urip ing dosa kuwi ora dunung Kristus kuwi sapa. Sak beneré wong kuwi ora kenal blas marang Kristus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saben wong sing tetep ing Panjenengané, kuwi ora gawé dosa menèh; saben wong sing tetep gawé dosa, kuwi ora tau weruh lan ora tau kenal marang Panjenengané.