1 John 4:6 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging awaké déwé iki anaké Gusti Allah. Dadiné wong sing ngrungokké awaké déwé iki ya wong sing ngerti marang Gusti Allah. Wong sing dudu anaké Gusti Allah ora bakal ngrungokké tembungé awaké déwé. Mengkono kuwi awaké déwé bisa nitèni sapa sing nduwèni Rohé Gusti Allah, sing nggawa pitutur sing bener lan sapa sing dikwasani karo roh sing ngapusi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kita iki asalé sangka Gusti Allah; sapa sing kenal marang Gusti Allah, kuwi pada ngrungokké marang kita. Wong sing asalé ora sangka Gusti Allah kuwi ora ngrungokké marang kita. Kaya mengkono tandané Rohé kabeneran karo rohé sing nasarké.