1 John 5:20 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, awaké déwé ngerti nèk Anaké Gusti Allah wis teka nang jagat lan wis ngekèki kaweruh marang awaké déwé, supaya awaké déwé kenal marang Gusti Allah sing sejati. Uripé awaké déwé iki wis dadi siji karo Gusti Allah sing sejati, jalaran awaké déwé wis dadi siji karo Anaké, yakuwi Gusti Yésus Kristus. Dèkné Gusti Allah sing sejati lan Dèkné sing ngekèki urip langgeng.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging kita pada weruh, yèn Putrané Gusti Allah wis teka lan wis ngekèki pangertèn marang kita, supaya kita kenal marang sing Sejati; lan kita manggon ing Sejati, ing njeruhné Putrané Yésus Kristus. Panjenengané kuwi Gusti Allah Sing Sejati lan urip sing langgeng.