1 John 5:9 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa kita padha nganggep marang paseksene manungsa, paseksene Gusti Allah iku ngluwihi, amarga iya mangkono iku paseksene Gusti Allah, kang diparingake ing ngatase Kang Putra.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané para sedulur, nèk tembungé manungsa waé awaké déwé ngandel, lah tanda sangka Gusti Allah menèh awaké déwé ora kudu ngandel? Yakuwi tanda sangka Gusti Allah nèk Gusti Yésus Kristus kuwi Anaké.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn kita pada nganggep paseksiné manungsa, mesti paseksiné Gusti Allah kuwi ngungkuli. Awit iki paseksiné Gusti Allah, ya kuwi: Panjenengané nyeksèni kanggo Putra-Né.