1 Kings 1:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengan dalem kawula aturi marek ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud saha kawula aturi munjuk dhateng panjenenganipun makaten: Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, panjenengan dalem rak sampun ngandika dhateng adalem kalayan supaos: Putramu Suleman kang bakal jumeneng dadi ratu ing sapungkurku lan dheweke kang bakal nglinggihi dhamparku? Kadospundi dene sapunika Adhonia kok dados ratu?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sampéyan kula njaluk teka ing ngarepé Daved lan kula njaluk ngomong marang piyambaké mengkéné: Duh ratu kula, sampéyan apa ora wis ngomong marang kula karo sumpah: Anakmu Salomo sing bakal ngadek dadi ratu ing sakwisé sampéyan lan dèwèké sing bakal nglungguhi dampar sampéyan? Kepriyé nanging saiki Adonia kok dadi ratu?