1 Kings 1:47 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
para punggawanipun Sang Prabu ugi sampun sami sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud sami ngaturaken sugeng, kalayan munjuk: Mugi Gusti Allahipun gusti kawula karsaa damel misuwuring asmanipun Sang Prabu Suleman nglangkungi asma dalem saha dhamparipun mugi nglangkungi agungipun dhampar dalem. Salajengipun Sang Prabu inggih sampun sumungkem sujud wonten ing pasareanipun sarta ngandika makaten:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
para pegawéné ratu uga wis pada nemoni Daved pada mbagèkké slamet, karo ngomong: Muga Gusti Allahé bendara ratu kula gelem nggawé luhuré asmané Salomo ngliwati asma sampéyan lan damparé muga ngliwati gedéné dampar sampéyan. Sak terusé ratu ya wis sendeku sujut ing ambèné lan ngomong mengkéné: