1 Kings 11:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Rayine Sang Putri Takhpenes iku tumuli kagungan putra kakung, kang kaparingan asma Genubat; iki banjur kasapih dening Sang Putri Takhpenes ana ing kadhatone Sang Prabu Pringon, mulane Sang Genubat mau dumunung ana ing satengahe para putrane Sang Prabu Pringon piyambak.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Adiké Tahpenes kuwi terus nduwé anak lanang, sing dikèki jeneng Genubat; iki terus disapih karo Tahpenes ing kratoné Parao, mulané Genubat manggon ing sak tengahé para anaké Parao piyambak.