1 Kings 12:10 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para nonoman barakan dalem mau nuli padha munjuk: “Panjenengan dalem karsaa paring wangsulan dhumateng rakyat, ingkang sampun matur wonten ing ngarsa dalem: Rama dalem sampun damel awrating sesanggenipun dalem sadaya, nanging panjenengan dalem mugi karsa paring kaenthengan dhumateng adalem sadaya -- panjenengan dalem mugi karsaa paring wangsulan makaten: Jenthikingsun luwih gedhe tinimbang lambunge ramaningsun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para nom-noman sak barakané piyambaké mau terus pada ngomong: “Sampéyan supaya nyauri marang rayat, sing wis ngomong ing ngarepé sampéyan: Bapakku wis nggawé aboté sing kudu kok sangga kabèh, nanging sampéyan supaya gelem ngekèki èntèngé marang kita kabèh - sampéyan supaya gelem nyauri mengkéné: Jentikku luwih gedé tenimbangané bangkèkané bapakku.