1 Kings 12:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Prabu Rehabeam wus rawuh ing Yerusalem, banjur nglempakake wong trah Yehuda kabeh lan taler Benyamin, cacahe satus wolung puluh ewu, kabeh wong nonoman kang saguh perang nglawan turune Israel, karsane arep mangsulake karajan iku marang Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Réhabéam wis teka ing Yérusalèm, terus nglumpukké wong turunané Yéhuda kabèh lan taler Bényamin, tyatyahé 180.000, kabèh wong nom-noman sing saguh perang nglawan turunané Israèl, karepé arep mbalèkké kraton kuwi marang Réhabéam, anaké Salomo.