1 Kings 13:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah wong mau nuli nguwuh-uwuh marang misbyah iku, tembunge: “Heh misbyah, heh misbyah! Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal ana turune Dawud kang lair, jenenge Yosia. Iku bakal nyembeleh ana ing dhuwurira imam-imam tengger pangurbanan kang ngobong kurban ana ing dhuwurira, uga balung-balung manungsa bakal diobong ana ing dhuwurira.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka préntahé GUSTI wong mau terus mbengok marang mesbèh kuwi, tembungé: “Hé! mesbèh, hé! mesbèh! Mengkéné tembungé GUSTI: bakal ana turunané Daved sing lair, jenengé Yosia. Kuwi bakal mbelèh ing nduwurmu imam-imam puntuk pangurbanan sing ngobong kurban ing nduwurmu, uga balung-balung manungsa bakal diobong ing nduwurmu.”