1 Kings 13:33 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse kelakon mau Sang Prabu Yerobeam meksa ora nilar pandamele kang ala iku, nanging isih bae ngadegake imam-imam saka kalangan rakyat kanggo tengger-tengger pangurbanan. Sapa bae kang gelem, iku banjur katetepake dadi imam ing tengger-tengger pangurbanan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé kelakon ratu Yérobéam meksa ora ninggalké penggawéané sing ala kuwi, nanging ijik waé ndadèkké imam-imam sangka golongané rayat kanggo puntuk-puntuk pangurbanan. Sapa waé sing gelem, kuwi terus ditetepké dadi imam ing puntuk-puntuk pangurbanan.