1 Kings 14:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tiyang Israel sadaya sami badhe nangisi, saha lajeng badhe nyarekaken, awit dene tedhakipun Sang Prabu Yerobeam inggih namung panjenenganipun ingkang badhe lumebet ing pasarean, awit ing antawising turunipun Sang Prabu Yerobeam inggih namung panjenenganipun punika ingkang kadunungan prakawis ingkang sae wonten ing paningalipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong Israèl kabèh pada bakal nangisi, lan terus bakal nguburké, awit turuné Yérobéam ya mung piyambaké sing bakal mlebu ing kuburan, awit ing antarané turunané Yérobéam ya mung piyambaké kuwi sing kanggonan perkara sing apik ing ngarepé GUSTI, Gusti Allahé Israèl.