1 Kings 14:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman, iku kang ngasta paprentahan ing Yehuda. Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Rehabeam yuswane patang puluh siji taun sarta pitulas taun anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem, kutha kang kapilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane taler Israel kabeh kagem nglestarekake asmane ana ing kono. Dene kang ibu asmane Naama, putri bangsa Amon.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Réhabéam, anaké Salomo, kuwi dadi ratu ing Yéhuda. Waktu dadi ratu Réhabéam umuré patang puluh siji taun lan pitulas taun enggoné dadi ratu ing Yérusalèm, kuta sing dipilih karo GUSTI sangka antarané taler Israèl kabèh kanggo nerusaké asmané ing kono. Nanging ibuné asmané Naama, wong wadon bangsa Amon.