1 Kings 15:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Prabu Asa banjur mundhut sakehe emas lan selaka kang isih kari ana ing gedhong pasimpenaning padalemane Pangeran Yehuwah lan ing gedhong pasimpenaning kraton nuli katampakake marang para abdine. Iku padha kautus dening Sang Prabu Asa menyang ing ngarsane Sang Prabu Benhadad, bin Tabrimon bin Hezion, ratu ing nagara Aram, kang akedhaton ana ing kutha Damsyik, kalawan kaweling supaya matur:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Asa terus njupuk sakkèhé emas lan slaka sing ijik kèri ing gedong simpenané griyané GUSTI lan ing gedong simpenané kraton terus dipasrahké marang para pegawéné. Kuwi pada diutus karo Asa menyang ngarepé Bènhadad, anaké Tabrinon anaké Hesion, ratu ing negara Aram, sing manggon ing kuta Damaskus, karo diweling supaya ngomong: