1 Kings 15:23 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Asa lan sakehe kaprawirane tuwin sakehe pandamele sarta kutha-kutha kang disantosani, kabeh iku rak wus katulisan ana ing layang sejarahe para ratu ing Yehuda. Nanging bareng wus sepuh Sang Prabu kecandhak gerah sampeyan karo pisan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak luwihé sejarahé Asa lan sakkèhé kekendelané lan sakkèhé sing ditandangi lan kuta-kuta sing dikuwati, kabèh kuwi wis ketulis ing layang sejarahé para ratu ing Yéhuda. Nanging bareng wis tuwa ngalami lara sikilé loro kabèh.