1 Kings 16:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Uga lumantar Nabi Yehu bin Hanani pangandikane Pangeran Yehuwah wus kaparingake, kang wiraose nglawan marang Sang Prabu Baesa lan kulawargane, marga saka sakehing pandamele kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah njalari gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah marga saka pandameling astane mau, mulane banjur padha kaya kulawargane Sang Prabu Yerobeam, tuwin uga anggone wus nyedani Sang Prabu Yerobeam.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Uga lantaran Yéhu anaké Hanani tembungé GUSTI wis dikèkké, sing uniné nglawan marang Basa lan brayaté, awit sangka kabèh sing ditandangi ala ing ngarepé GUSTI, terus njalari nesuné atiné GUSTI awit sangka penggawéané tangané, mulané terus pada kaya brayaté Yérobéam, lan uga enggoné wis matèni Yérobéam.