1 Kings 18:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang gesang, saestunipun boten wonten bangsa utawi karajan, ingkang boten dipun dhatengi utusanipun gusti kula Sang Prabu Akhab prelu ngupadosi panjenengan. Sarta manawi wonten tiyang ingkang munjuk: Panjenenganipun boten wonten ing ngriki, Sang Prabu lajeng dhawuh dhateng karajan utawi bangsa punika supados sumpah, bilih panjenengan boten pinanggih wonten ing ngriku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kanggo GUSTI, Gusti Allah sampéyan, sing urip, sakjané ora ana bangsa utawa kraton, sing ora ditekani kongkonané bendara kula Akab perlu nggolèki sampéyan. Lan yèn ana wong sing ngomong: Sampéyan ora ing kéné, ratu terus ngongkon marang kraton utawa bangsa kuwi supaya sumpah, yèn sampéyan ora ditemokké ing kono.