1 Kings 18:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bokmanawi saged kelampahan, manawi kula sampun kesah saking ngarsa panjenengan, Rohipun Pangeran Yehuwah lajeng ngangkat panjenengan dhateng panggenan ingkang kula dereng sumerep. Manawi kula ngantos sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Akhab tuwin ngaturi uninga bab panjenengan, sarta panjenengan boten wonten, kula temtu badhe dipun pejahi, mangka ingkang abdi punika wiwit alit ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Menawa bisa klakon, yèn kula wis lunga sangka ngarepé sampéyan, Rohé GUSTI terus ngangkat sampéyan marang panggonan sing kula durung ngerti. Yèn kula nganti nemoni ing ngarepé Akab lan ngomongi bab sampéyan, lan sampéyan ora ana, kula mesti bakal dipatèni, nanging abdimu iki wiwit tyilik ngabekti marang GUSTI.