1 Kings 18:23 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging, coba aku padha wenehana sapi lanang loro; nabi-nabi iku cikben milih siji, supaya dipurak lan ditumpangake ing kayune, nanging aja digeneni. Aku iya bakal nyawisake sapi sijine lan banjur daktumpangake ing kayune sarta uga ora dakgeneni.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging, tyoba aku pada wènèhana sapi lanang loro; nabi-nabi kuwi bèn milih siji, supaya dibelèh lan ditumpangké ing kayuné, nanging aja dibakar. Aku ya bakal nyawiské sapi sijiné lan terus tak tumpangké ing kayuné lan uga ora tak genèni.