1 Kings 18:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng wayah tengange Nabi Elia wiwit moyoki wong-wong iku, pangandikane: “Anggonmu nyebut sing seru, iku rak allah ta? Bokmanawa lagi ngalamun, bokmanawa lagi ana urusan seje, bokmanawa lagi lelungan; ayake lagi turu, durung tangi.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng wayah tengah awan Elia wiwit moyoki wong-wong kuwi, tembungé: “Enggonmu nyebut sing banter, kuwi allah ta? Menawa ijik nglamun, menawa ijik ana urusan liya, menawa ijik lelungan; menawa ijik turu, durung tangi.”