1 Kings 18:36 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng wus wayahe nyaosake kurban sore, Nabi Elia banjur majeng lan munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak saha Israel, ing dinten punika mugi kasumerepana dening tiyang, bilih Paduka punika Gusti Allah wonten ing satengahing Israel saha bilih kawula punika abdi Paduka punapa dene bilih anggen kawula nindakaken prakawis punika sadaya punika awit saking pangandika Paduka.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng wis waktuné masrahaké kurban soré, Elia terus maju lan ngomong: “Duh GUSTI, Gusti Allahé Abraham, Isak lan Israèl, ing dina iki muga dingertèni karo wong, yèn Panjenengan kuwi Gusti Allah ing sak tengahé Israèl lan yèn kula kuwi abdi Panjenengan lan uga yèn enggèn kula nindakké perkara kuwi kabèh iki awit sangka tembungé Panjenengan.