1 Kings 19:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Elisa nuli bali saka ing ngarsane Nabi Elia, banjur njupuk sapi rakitane mau, kasembeleh lan daginge kaolah nganggo kayu abah-abahane sapi mau; daging iku tumuli kaedum-edum marang para wonge, sawuse mangkono nuli padha mangan. Salebare mangan Elisa tata-tata sarta banjur ndherek Nabi Elia dadi abdine.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Elisa terus mbalik sangka ngarepé Elia, terus njupuk sapi rakitané mau, dibelèh lan dagingé diolah nganggo kayu lukuné sapi mau; daging kuwi terus diedum-edum marang para wong-wongé, sakwisé mengkono terus pada mangan. Sak bubaré mangan Elisa tata-tata lan terus mèlu Elia dadi abdiné.