1 Kings 2:26 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene Imam Abyatar didhawuhi dening Sang Nata mangkene: “Sira menyanga ing tanah Anatot, ing tanah duwekira, awitdene sanadyan sira iku wus sapantese tampa paukuman, nanging ing dina iki ingsun ora bakal mateni sira amarga sira wus ngusung pethine Sang Yehuwah Allah ana ing ngarsane ramaningsun, Sang Prabu Dawud, lan sira wus ndherek nandhang kasrakatan ing sajrone sakehning kasangsarane ramaningsun.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging imam Abyatar dipréntahké karo ratu mengkéné: “Kowé menyanga nang tanah Anatot, ing tanah duwèkmu, awit senajan kowé kuwi wis sak pantesé nampa ukuman, nanging ing dina iki aku ora bakal matèni kowé awit kowé wis ngusung petiné GUSTI Allah ing ngarepé bapakku, Daved, lan kowé wis mèlu ngalami kangèlan ing sak njeruhné kasangsarané bapakku.”