1 Kings 2:42 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu banjur utusan nimbali Simei kang tumuli dipangandikani mangkene: “Sira rak wus sundhawuhi sumpah demi Sang Yehuwah lan wus sunparingi pepeling mangkene: Iki sumurupana kang temenan, yaiku samangsa sira metu lan lunga menyanga ngendi bae, sira mesthi bakal kapatenan. Lan sira wus munjuk: Inggih sendika, adalem badhe nglampahi dhawuh dalem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
ratu terus kongkonan nyeluk Simèi terus diomongi mengkéné: “Kowé apa ora wis tak omongi sumpah kanggo GUSTI lan wis Tak wènèhi paweling mengkéné: Iki ngertènana sing tenan, ya kuwi yèn kowé metu lan lunga menyanga ngendi waé, kowé mesti bakal dipatèni. Lan kowé wis ngomong: Ya, kula bakal nandangi préntahé ratu.