1 Kings 20:23 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para punggawane Sang Prabu ing Aram padha munjuk marang panjenengane: “Allahipun ngrika punika allahing redi; milanipun ngrika langkung kiyat tinimbang kita. Nanging manawi anggen kita perang nglawan ngrika punika wonten ing tanah ingkang wradin, kita tamtu langkung kiyat tinimbang ngrika.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para pegawéné ratu ing Aram pada ngomong marang piyambaké: “Gusti Allahé kana kuwi allahé gunung; mulané kana ngungkuli kuwaté tenimbangané kita. Nanging yèn enggèn kita perang nglawan kana kuwi ing lemah ing daratan rata, kita mesti luwih kuwat tenimbangané kana.