1 Kings 20:30 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kekarene padha lumayu menyang ing Afek, lumebu ing kutha, nanging temboke ambruk nibani wong pitulikur ewu, yaiku kekarene mau. Nalika samana Sang Prabu Benhadad lumajeng lumebet ing kutha lan ndhelik pindhah-pindhah kamar.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Pada mlayu menyang Afèk, mlebu ing kuta, nanging témboké ambruk nibani wong 27.000, ya kuwi turahé mau. Waktu semono Bènhadad mblayu mlebu ing kuta lan ndelik ngalih-ngalih kamar.