1 Kings 20:39 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika Sang Prabu langkung, nabi mau nglapurake prakarane marang Sang Prabu, unjuke: “Nalika abdi dalem punika majeng dhateng ing satengahing peperangan, dumadakan wonten tiyang satunggal ingkang nilar pabarisan kaliyan mbekta tiyang dhateng ing ngajeng kula kanthi wicanten: Wong iki jaganen, manawa wong iki nganti ilang, sanadyan kanthi patrap kapriye bae, nyawamu bakal kanggo ijole, utawa kowe kudu mbayar dhuwit satalenta selaka.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu ratu liwat, nabi mau nglaporké perkarané marang ratu, semauré: “Waktu abdimu iki maju menyang sak tengahé peperangan, dadakan ana wong siji sing ninggalké barisan karo nggawa wong ing ngarep kula karo ngomong: Wong iki jaganen, yèn wong iki nganti ilang, senajan karo tyara kepriyé waé, nyawamu bakal kanggo ijolé, utawa kowé kudu mbayar duwit sak talénta slaka.