1 Kings 21:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Putri Izebel sawuse midhanget, manawa Nabot wus dibenturi watu nganti mati, banjur enggal-enggal munjuk marang Sang Prabu Akhab: “Sumangga, kawula aturi wungu, kawula aturi mundhut kebon angguripun Nabot, tiyang Yizreel punika, kadosdene kagungan dalem, amargi Nabot, ingkang boten purun nyaosaken kebon angguripun dhumateng panjenengan dalem sarana katumbas punika, sampun boten gesang malih, sampun pejah.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Isebèl sakwisé krungu, yèn Nabot wis dibandemi watu nganti mati, terus gelis-gelis ngomong marang Akab: “Hayuk tangi, kula njaluk njupuk kebon angguré Nabot, wong Yisreèl kuwi, dadi duwèké sampéyan, awit Nabot, sing ora gelem masrahaké kebon angguré marang sampéyan karo kok tuku kuwi, wis ora urip menèh, wis mati.”