1 Kings 21:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paring wangsulane Sang Prabu marang Sang Putri: “Marga ingsun wus ngandika marang Nabot, wong Yizreel iku: Kebon anggurira iku caosna marang ingsun kalawan suntumbas, utawa manawa sira luwih seneng, sira bakal sunparingi kebon anggur minangka ijole. Nanging ature: Kebon anggur kawula punika boten badhe kawula caosaken dhumateng panjenengan dalem.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré piyambaké marang Bojoné wadon: “Awit aku wis ngomong marang Nabot, wong Yisreèl kuwi: Kebon anggurmu kuwi pasrahna marang aku bakal tak tuku, utawa yèn kowé luwih seneng, kowé bakal tak wènèhi kebon anggur kanggo ijolé. Nanging tembungé: Kebon anggur kula kuwi ora bakal kula pasrahaké marang sampéyan.”