1 Kings 22:31 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene ratu ing nagara Aram wus paring dhawuh marang para panggedhening wadyane kretan, kang cacahe telung puluh loro, mangkene: “Sira aja padha perang nglawan sapa bae, kajaba mung nglawan marang ratu ing Israel bae.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging ratu ing negara Aram wis ngekèki préntah marang para penggedéné suradadu kréta, sing tyatyahé telung puluh loro, mengkéné: “Kowé aja pada perang nglawan sapa waé, kejaba mung nglawan marang ratu ing Israèl waé.”