1 Kings 22:53 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengane iku nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Pangeran Yehuwah sarta sugenge nulad tindake kang rama lan kang ibu sarta tindake Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang wus njalari wong Israel padha nglakoni dosa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Piyambaké kuwi nandangi apa sing ala ing ngarepé GUSTI lan uripé pada rupa mlakuné karo bapaké lan ibuné lan mlakuné Yérobéam anaké Nébat, sing wis njalari wong Israèl pada nglakoni dosa.