1 Kings 5:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit saking punika panjenengan mugi karsaa paring dhawuh negor wit-wit eres ing redi Libanon, tuwin tiyang kula kajengipun sami mbiyantu para abdi panjenengan, wondene epahipun kangge para abdi panjenengan badhe kula caosaken dhateng panjenengan, sapinten kemawon pamundhut panjenengan, amargi panjenengan uninga, bilih panunggilan kula boten wonten ingkang saged negor wit-witan kadosdene tiyang ing Sidon.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka kuwi sampéyan muga gelem ngekèki préntah negor wit-witan tyemara ing gunung Libanon, lan wong kula ya bèn pada ngréwangi para abdi sampéyan, malah upahé kanggo para abdi sampéyan bakal kula pasrahaké marang sampéyan, sepira waé penjaluké sampéyan, awit sampéyan ngerti, yèn sedulur kula ora ana sing bisa negor wit-witan kaya wong ing Sidon.”