1 Kings 5:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tiyang-tiyang kula badhe ngandhapaken saking redi Libanon dhateng ing saganten saha badhe kula dhawuhi supados kagandheng-gandheng dados gethekan lajeng kabektaa dhateng ing panggenan ingkang panjenengan tedahaken dhateng kula, wonten ing ngrika nunten sami kabungkara, satemah panjenengan saged dhawuh ngangkati. Dene panjenengan mugi karsaa nyekapi kabetahan kula tedha kangge saisining kraton, sapinten ingkang kula kajengaken.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong-wong kula bakal ngedunké sangka gunung Libanon ing segara lan bakal kula préntah supaya digandèng-gandèng dadi gètèkan terus digawa menyang ing panggonan sing sampéyan duduhké marang kula, ing kana banjur pada dibungkar, terus sampéyan bisa ngongkon ngangkati. Nanging sampéyan muga gelem nyukupi kebutuhané kula pangan kanggo sak isiné kraton, sepira sing kula karepaké.”