1 Kings 7:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing sakubenge plataran gedhe ana temboke watu telung sap lan kayu eres sasap. Mangkono uga ing sakubenge plataran njero padalemane Sang Yehuwah lan bangsale.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sak ubengé plataran gedé ana témboké watu telung susun lan kayu tyemara sak susun. Mengkono uga ing sak ubengé plataran njeruh griyané GUSTI lan kamaré.