1 Kings 7:24 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene ing sangisore lambene ana gambare woh labu kang ngubengi nganti kemput, saben saasta sapuluh nganti satempuke ing “segaran”; labune mau ana rong larik, kacithak iras-irasan kalawan segarane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging ing sak ngisoré lambéné ana gambaré woh labu sing ngubengi nganti kemput, saben sak hasta sepuluh nganti sak tempuké ing “segara”; labuné mau ana rong larik, dityitak dadi siji karo segarané.