1 Kings 7:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kamar iku ing dhuwur didokoki epyan kayu eres, tumumpang ing blandar pangeret kang kasangga ing saka-saka mau, cacahe patang puluh lima, kadadekake limalas saben larike.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Gedong kuwi ing nduwur didèkèki payon kayu tyemara, temumpang ing blandar nduwur sing disangga karo tyagak-tyagak mau, tyatyahé patang puluh lima, didadèkké limalas saben larikan.