1 Kings 8:25 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka mugi karsaa ngugemi punapa ingkang Paduka janjekaken dhateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, kalayan pangandika Paduka: Turunira ora bakal punggel ana ing ngarsaningSun lan bakal tetep nglungguhi dhamparing karajan Israel, anggere turun-turunira lestari lumaku ana ing ngarsaningSun, padha kaya anggonira lumaku ana ing ngarsaningSun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané saiki, duh GUSTI, Gusti Allahé Israèl, Panjenengan muga gelem netepi apa sing Panjenengan janjèkké marang abdi Panjenengan Daved, bapak kula, karo tembungé Panjenengan: Turunmu ora bakal pedot ing ngarep-Ku lan bakal tetep nglungguhi damparé kraton Israèl, angger turun-turunmu tetep mlaku ing ngarep-Ku, pada kaya enggonmu mlaku ing ngarep-Ku.