1 Kings 8:36 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
mugi Paduka karsaa midhangetaken wonten ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning abdi-abdi Paduka, inggih umat Paduka Israel punika -- amargi Paduka ingkang sampun paring pitedah bab margi ingkang sae ingkang kedah dipun anut -- saha mugi Paduka karsaa paring jawah dhumateng siti Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados tanah-pusakanipun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
supaya Panjenengan gelem ngrungokké sangka swarga lan gelem ngapura dosané abdiné Panjenengan, umat Panjenengan Israèl kuwi - awit Panjenengan sing wis ngekèki pinuntun liwat dalan sing apik sing kudu diturut lan supaya Panjenengan gelem ngekèki udan marang lemah Panjenengan sing wis Panjenengan kèkké marang umat Panjenengan dadi tanah pandumané.