1 Kings 8:39 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paduka mugi inggih karsaa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, saha Paduka mugi karsaa paring pangapunten, karsaa tumindak tuwin paring piwales dhumateng sinten kemawon ingkang salaras kaliyan sakathahing lampah-lampahipun, awit Paduka nguningani manahipun -- amargi namung Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya para anaking manungsa --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengan supaya ya gelem ngrungokké sangka swarga, panggonan omah Panjenengan sing tetep, lan Panjenengan supaya gelem ngekèki ngapura, gelem nandangi lan ngekèki balesan marang sapa waé sing sak mestiné karo sak okèhé tumindak-tumindaké, awit Panjenengan weruh atiné - awit mung Panjenengan sing weruh atiné kabèh para anak-anaké manungsa -