1 Kings 8:43 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
mugi Paduka ugi karsa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapa dene Paduka mugi karsaa tumindak salaras kaliyan sadaya ingkang dipun unjukaken dening tiyang manca wau dhumateng Paduka, supados sadaya bangsa ing bumi sami tepang kaliyan asma Paduka, satemah sami ajrih dhumateng Paduka kados dene umat Paduka Israel saha lajeng sami sumerep, bilih asma Paduka kaucapaken tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
supaya Panjenengan uga gelem ngrungokké ing swarga, panggonan omah Panjenengan sing tetep, apa déné Panjenengan supaya gelem nandangi sak mestiné karo kabèh sing diomongké karo wong mantya kuwi marang Panjenengan, supaya kabèh bangsa ing bumi pada kenal karo asma Panjenengan, terus pada wedi marang Panjenengan kaya déné umat Panjenengan Israèl terus pada ngerti, yèn asma Panjenengan diomongké ing omah sing wis kula dekké iki.