1 Kings 8:48 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
manawi lajeng sami wangsul mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manahipun sarta gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun mengsah ingkang mboyongi kadadosaken tawanan wau, punapa malih manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan majeng dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
yèn terus pada mratobat marang Panjenengan karo sak kabèhé atiné lan sak kabèhé nyawané ing negarané mungsuh sing mboyongi didadèkké tawanan mau, lan uga yèn pada ndedonga marang Panjenengan kanggo negarané sing wis Panjenengan kèkké marang leluhuré, marang kuta sing wis Panjenengan pilih lan marang ing omah sing wis kula dekké kanggo Panjenengan,