1 Kings 8:54 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Prabu Suleman wus rampung anggone ngunjukake sakehe pandonga lan panyuwunan marang Sang Yehuwah, panjenengane banjur jumeneng saka ing sangarepe misbyahe Sang Yehuwah yaiku sawuse jengkeng kalawan ngegarake astane marang ing langit.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Salomo wis rampung enggoné ngomongké sakkèhé pandonga lan penjaluk marang GUSTI, piyambaké terus ngadek sangka ngarepé mesbèhé GUSTI ya kuwi sakwisé nyembah karo megarké lan ngetyungké tangané munggah ing langit.